40 HADITS KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM (Bag. 2)
Dipun Liru basa saking Kitab
الأربعون حديثا في الـشـخـصـيـة الإسـلامـيـة
Syeikh Ali Hasan Ali Abdul Hamid Al Halaby
Hadits Kaping -2
BEDA KALIYAN SANESIPUN
عَنِ ابْنِ عُمَرَ قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: “بُعِثْتُ بِالسَّيْفِ بين يدي الساعة حَتَّى يُعْبَدَ اللَّهُ لَا شَرِيكَ لَهُ, وَجُعِلَ رِزْقِي تَحْتَ ظِلِّ رُمْحِي, وَجُعِلَ الذِّلَّةُ وَالصَّغَارُ عَلَى مَنْ خَالَفَ أَمْرِي, وَمَنْ تَشَبَّهَ بِقَوْمٍ فَهُوَ مِنْهُمْ.”
Saking Ibnu Umar Radhiyallahu’anhu ngendika : Rasulullah Shallallahu’alaihiwasalam paring pangandikan :”Aku didawuhi nganggo pedang ana ing sakngarepe dina kiamat nganti Allah disembah lan ora ana tandingane. Rezekiku didadekake ana ing sak ngisori tumbakku. Kanesthan (kehinaaan) lan kasoran didadekake tumrap wong-wong kang pada tumindak ora pada karo sing tak printahake. Sing sapa wonge memper/mirip salah sawijining kaum, kamangka deweke kalebu ing golongane deweke. [1]
Takhrij hadits:
Dipun riwayataken dining Imam Ahmad (5114) saha sanesipun kanti sanad ingkang hasan.
Kula sampun jlentrehaken kanthi jlimet perkawis hadist menika nalika kula naliti kitab “Al Hikam Al Jadirah Bil Idzaa’ah” (hal. 1 – 3) karya Ibnu Rajab Al Hanbaly.
Katerangan
Saben tiang muslim menika kedah gadhah kepribaden ingkang benten kaliyan sanesipun. Inggih menika kepribaden ingkah gadahi Hambek (karakter) ingkah onjo (spesial), pathokan ingkang onjo, saha cara ingkah ugi onjo. Saben muslim kedah benten wonten ing tata gelaring pasrawungan (penampilan), nalika nampi pawartos, saklebeting aqidahipun, kiblatipun, saha sedaya urusan ingkah magepokan kaliyan gesangipun.
Inggih kanthi benten kaliyan sanesipun menika, lajeng saget nggulawenthah keislaman saha dakwah islam ingkang resik saha suci. Mboten wonten raos tidha-tidha (subhat) ing saklebetipun ugi mboten wonten kalepatan ingkang ngganduli.
Saben muslim wonten ing benten kaliyan sanesipun mboten angsal medal saking jalur :
…
40 HADITS KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM (Bag. 2)Selengkapnya »
40 HADITS KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM (Bag. 2) Read More »