PIRANTI TAQWA DUMATENG ALLOH SUBHANAHUWATA’ALA

انّ اْلحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئاَتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلِّلَ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لآالَهَ الاَّ الله وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِيْعَهُم بِاِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

يَااَيُهَا الّذِ يْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا الله حَقَ تُقَاتِهِ وَلاَتَمُوْ تُنَّ الاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

يَااَيُّهَاالنَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسِ وَاحِدَةِ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُ اللهَ الَّذِى تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَالاَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبَا.

يَااَيُهَا الّذِ يْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدَ, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُم وَيَغْفرلَكُمْ دُنُوبَكُم وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلُهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمَا

فَإِنَّ أَصْدَقَ اْلحِدِيْثِ كِتَابُ الله وَخَيْرَ الهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٌ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فيْ النَّارِ

Mboten wonten rumpakan tembung ingkang prayogi kajawi namung ngaturaken syukur dateng Alloh Subhanahuwata’ala. Inggih namung Alloh Subhanahuwata’ala piyambak ingkang paring kanugrahan ingkang tanpa wilangan saha winates. Langkung-langkung wonten dinten ingkang prayogi saha ingkang kebak ing kabagyan. Sampun sak mestinipun menawi kula saha panjenengan mongkok ing manah nampi sedaya kanugrahan saking Alloh Subhanahuwata’ala.

 Jama’ah Jumat kaum muslimin ingkang bahagia mulya.

Wonten ing wanci prayogi menika kula badhe ngaturaken wasiatipun Alloh Subhanahuwata’ala saha Rosulipun Shallallahu’alaihiwasalam, inggih menika supadhos kula saha panjenengan nambahi taqwa dumateng Alloh Subhanahuwata’ala. Kadhos ingkang dipun ngendikakaken Alloh Subhanahuwata’ala wonten ing Surat An-Nisa’ : 131 inggih menika :

وَللهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي اْلأَرْضِقل وَلَقَدْ وَصَيْنَا الَذِيْنَ أُوْتُوا اْلكِتَابَ مِنْ قَبْلِكُمْ وَإِيَاكُمْ أَنِ اتَّقُوْا الله ج وَإِنْ تَكْفُرُوْا فَإِنَّ لِلّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي اْلأَرْضِ ج  وَكَانَ اللهُ غَنِيًّا حَمِيْدًا

Lan saktemene Insun (Alloh) wis dawuh marang wong-wong sing diparingi kitab sak durungmu lan uga marang kowe. Taqwa a marang Alloh Subhanahuwata’ala.

Wonten ing ayat sanes,

يَا أَيُهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسُ مَا قَدَّمَتْ لِغَدْصل وَاتَّقُوْا اللهَ ج إِنَّ اللهَ خَبِيْرُ بِمَا تَعْمَلُوْنَ

Hai wong-wong kang padha iman, taqwa a marang Alloh Subhanahuwata’ala  lan  kudhune saben wong gatakake apa sing ditindahakake kanggo dina sing bakal teka (akhirat), lan taqwa a marang Alloh saktemene Alloh iku Maha Preksa apa sing kokdintakake.

(Al  Hasr : 18)

Mangga sami dipun gatosaken ngendikanipun Rosululloh Shallallahu’alaihiwasalam

إِتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ وَأَتْبِعِ السَيِّئَةَ اْلحَسَنَةَ تَمْحُهَا وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقِ حَسَنْ

Taqwa a marang Alloh Subhanahuwata’ala  ing ngendhi wae  papan. Saben tumindhak ala enggal tututono nganggo  tumindhak becik lan uga tansah srawung marang wong-wong kanti akhlak kabejikan

(HR. Ahmad, Tirmidzi lan Hakim)

Ma’asyiral mukminin rahimakumullah

Kewajiban ingkang dipun dawuhaken Alloh Subhanahuwata’ala dateng sedanten bani Adam, inggih menika namung nindhakaken ibadah dumateng Alloh Subhanahuwata’ala kemawon.  Alloh Subhanahuwata’ala ngindaka

وَمَا خَلَقْتُ اْلجِنَّ وَاْلإِنْسَ إِلاَّ لِيَعْبُدُوْنِ

Lan engsun (Alloh) ora nyiptakake jin lan menungsa kajaba namung supaya nyembah marang engsun (Alloh)

(Adz Dzariat : 56)

Menika hikmah ingkang ageng dipun ciptanipun manungsa saha dipun utusipun para Rosul

Maasyiral mukminin rahimakumullah

Mujudaken raos taqwa dateng Allah Subhanahuwata’ala menika, mboten pedamelan ingkang gampil, nanging perlu sarana, mboten wonten sanes kajawi namung tafaqquh fiddin. Inggih menika kedah sinau sedaya pranataning agami bab dawuh saha awisanipun. Menawi sampun mangertos sedaya dhawuhipun agami pramila inggih lajeng saget nindakaken dawuh-dawuhipun agami menika, menawi sampun mangertas sedaya awisanipun agami pramila inggih lajeng saget suminggkir saking sedaya awisanipun agami, saklajenipun ugi kedah nyinau bab tata cara kadhospundi nindakaken sedaya dawuh saha nebihi sadaya pepacuh. Kanthi sarana menika badhe saget nindhakaken sedaya kawajibanipun dateng Alloh Subhanahuwata’ala.

Ingkang menika nyinau agami kanti lebet badhe saget mangertosi sedaya ing pranataning agami kanti saestu ingkang jalari badhe dipun bikaipun margi kesaenan dining Alloh Subhanahuwata’ala. Nabi Shallallahu’alaihiwasalam Ngendika :

 مَنْ يُرِدِ الله بِهِ خَيْرًا يُفَقِّهُ فِيْ الدِّيْنَ

Sing sapa wonge sing dikersaake dining Alloh Subhanahuwata’ala kabecikan, mangka deweke bakal diparingi paham babakan agama iki. (HR. Bukhari lan Muslim)

Saklajengipun Alloh ‘azza wajalla tentu badhe paring margi ingkang gampil dateng suarga kangge tiang-tiang ingkang tansah sinau ilmu agami.

مَنْ سَلَكَ طَرِيْقًا يَلْتَمِسُ فِيْهِ عِلْمًا سَهَّلَ الله لَهُ بِهِ طَرِ يْقًا إِلَى اْلجَنَّةِ

Sing sapa wonge lumaku ing dalan kanggo golek ilmu mangka Allohazzawajalla bakal maringi dalan sing gampang tumuju suarga. (HR. Bukhari lan Muslim)

Maasyiral mukminin rahimakumulloh

Inggih amargi lantaran tansah tafaqquh saha nyinau ilmu agami badhe dadhos tiang ingkang taqwa. Pramila kalih perkawis kasebut hukumipun wajib. Kadhos dene sesanti (Kaidah) satunggaling kewajiban boten badhe saget sampurna kejawi dipun saranani. Pramila sarana menika ugi dadhos kawajiban. Kados mekaten pilihanipun tiang mukmin supados dados tiang taqwa.

Maasyiral mukminin rahimakumulloh

Derajat ingkang langkung inggil supados dados tiang taqwa inggih menika estu-estu ngangkeni bilih mboten wonten pangeran ingkang pantes dipun sembah kanti haq kajawi namung Alloh Subhanahuwata’ala. Ingkang jumbuh kalian tegesipun Laa Ilahaillalloh. Saklajengipun ugi ngakeni bilih Nabi Muhammad Shallallahu’alaihiwasalam menika saestu dados utusanipun Alloh Subhanahuwata’ala. Pramila lajeng gadhah kewajiban ngakeni bilih sedaya pangandikanipun Alloh Subhanahuwata’ala saha Rasululloh Shallallahu’alaihiwasalam menika saestu leres. Saklajengipun gesang menika namung kangge nindaaken dawuhipun Alloh Subhanahuwata’ala saha nebihi pepacuhipun kanti ajek sak puputing nyuswa. Pramila gegayuhanipun tiang gesang ingkang pungkasan inggih menika pejah ingkang khusnul khotimah. Kangge nggayuh menika kedah manut tindakipun Rosululloh Shallallahu’alaihiwasalam ingkang sampun dipun bimbing dening wahyunipun Alloh Subhanahuwata’ala.

 

قُلْ إِنْ كُنْتُمْ تُحِبُّوْنَ اللهَ فَاتَّبِعُوْنِي يُحْبِبْكُمُ اللهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبِكُمْ قل وَاللهُ غَفُوْرُ رَّحِيْمٌ

 

Omongno :”menawa sira bener tresna marang Alloh, melua (ngetutna) aku mesti Alloh Subhanahuwata’ala  bakal tresnani lan ngapura dosa-dosamu, Alloh Maha paring pangapura lan Maha welas asih. (Ali Imron 31)

Raos imanipun tiang menika dereng dipun sebat sampurna menawi tasih wonten katresnan ingkang klangkungi katresnanipun dateng Rosululloh Shallallahu’alaihiwasalam, kalebet katresnan dateng tiang sepuh saha para putra kedah tasih langkung ageng katresnanipun dateng Rosululloh Shallallahu’alaihiwasalam.

Kados ingkang kasebat ingkang wonten ing hadist :

لاَ يُؤْ مِنُ اَحَدُكُمْ حَتَّى أَكُوْنَ اَحَبَّ اِلَيْهِ مِنْ وَالِدِهِ وَوَلَدِهِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِيْنَ

Durung sampurna imane salah sawiji ing antarane kowe kabeh, nganti aku (Rosululloh) luwih ditresnani katimbang wong tuane, anak lan kabeh manungso. (HR. Bukhori Muslim)

Maasyiral mukminin rahimakumulloh

Kewajiban saklajengipun inggih menika njagi jejeg (pilar) ipun agami islam. Inggih menika ngedekaken sholat saha mbudidaya sami dene ngemutaken dawuh-dawuhipun agami.

Rosululloh Shallallahu’alaihiwasalam ngendika :

رأْسُ هَذَا اْلاَمْرِ اْلاِسْلاَمُ وَعَمُوْدُهُ الصَّلاَةُ وَذِرْوَةُ سَنَامِهِ الْجِهَادُ

Pokoke agama iku Islam, cagake yaiku sholat, dene tulangpunggunge jihad (HR. Tabhroni)

Saksampunipun menika lajeng kleksanakaken zakat minangka cagakipun agami ikang angka tiga. Saklajengipun nindakaken shiam romadhon saha haji tumprapipun ingkang sampun mampu. Sedaya menika mujudaken cagak-cagak saha sendi-sendi agami ingkang kedah dipun leksanakaken kula saha panjenengan. Rosululloh Shallallahu’alaihiwasalam ngendika :

أِنَّ اْلاِسْلاَمُ بُنِيَ عَلَى خًمْسٍ شَهَادَةِ أَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّ الله وَاِقَامِ الصَّلاَةِ وَاِيْتَاءِ الزَّكَاةِ وَصِيَامِ رَمَضَانَ وَحَجِّ اْلبَيْتِ

Saktemeni Islam iku dibangun ono sak duwuring limang perkara, yaiku : netepi janji mewawa ora ana sesembahan sing kudu (haq) disembah kajab Alloh lan Muhammad iku utusane Alloh, ngedekake sholat, bayar zakat, pasa ing wulan romadhon lan nindakake haji menyang baitul haram. (HR. Mutaffaqun ‘alaihi)

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا أَسْتَغْفِرُ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ اْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُهُ اِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ

 

KHUTBAH II

 Maasyiral mukminin rahimakumulloh

Amiwiti khutbah ingkang angka kaleh, sekedik kula badhe ngaturaken perkawis ingkang dipun kedah penggalih  kula saha panjenengan.

Jamaah jum’at  rahimakumulloh

Kula saha panjenengan mboten badhe wilujeng saking siksa neraka, kejawi namung tansah mituhu dumateng dawuhipun Alloh ’Azzawajalla saha Rosululloh Shallallahu’alaihiwasalam. Mangga sami sangu sakderengipun ngadhep wonten ing ngarsanipun Alloh swt. Sangu ingkang kedah kula saha panjenengan cepakaken inggih menika :

Sepisan, ilmu ingkang shohih (leres). Ilmu mujudaken sangu ingkang mulya saha ingkang langkung aji. Amargi kamulyanipun ilmu menika, Alloh ‘Azzawajalla dawuhaken kula saha panjenengan lantaran Rosulipun wonten ing sak satunggaling donga ing Al qur’an

 

فَتَعَالَى اللُه اْلملِكُ اْلحَقُقل وَلَا تَعْجَلْ بِاْلقُرْآنِ مِنْ قَبْلِ أَنْ يُقْضَى إِلَيْكَ وَحْيُهُصل وَقُلْ رَّبِّ زِدْنِي عِلْمًا

Lan omongno,”Ya Rabbku (duh Gusti Alloh), panjenengan tambahi ilmu dateng kula (QS. Thaha : 114)

Mugi dadosno ing pangertosan kula saha panjengan,

Kesaenanipun saben tiang gumantung dateng ilmu, mboten dateng saenipun wujud. Sinten kemawon ilmunipun kathah, mangka piyambakipun ugi kathah kesaenanipun. Namung saking ilmu kemawon kula saha panjenengan tebih saking fitnah, sehingga saget milujengaken awakipun pinyambak. kanti menika mangga sami ngathah-ngatahaken anggenipun sinau ilmu agami, Insya Alloh kula saha panjenengan badhe dados tiang sae lan wilujeng.

 Kaping kaleh, sangu saklajengipun inggih menika dawamul muraqabah (rumaos bilih tansah dipun preksani dening Alloh Subhanahuwata’ala)

Alloh Subhanahuwata’ala ngendika :

إِنَّ رَبَّكَ لَبِاْلمِرْصَّادِ

Saktemeni Robbmu kuwi bener-bener ngawasi. (QS. Al Fajr : 14)

 

Sesambetan kaliyan ayat kasebat, Abdul Aziz bin Rabbah saha Ahmad Yusuf ngandaraken (komentar), “ora bakal ana amal sitik wae sing bakal kesingsal saka pampreksane Alloh Subhanahuwata’ala. Alloh ‘Azzawajalla bakal paring piwales amal-amal kuwi”.

Ingkang menika sampun ngantos kula saha panjenengan kesupen bilih tansah dipun awasi deneng Alloh Subhanahuwata’ala ingkang Maha Priksa saha Maha Midanget. Amargi Alloh Subhanahuwata’ala tansah sesarengan kaliyan kawulanipun wonten ing papan pundi kemawon.

 Jama’ah jum’at ingkang dipun mulya aken Alloh Subhanahuwata’ala.

Dados menawi kula saha panjenengan kepengin wilujeng saha tebih saking fitnah saha tebih saking benteripun latu neraka kedah gadah sangu ingkang kasebat ing inggil. Mugi-mugi Alloh Subhanahuwata’ala paring Taufiq saha hidayahipun saha milujengaken kula saha panjenengan saking siksa ingkang sanget nyakitaken.

اللّهُمَ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدِ كَمَا صَلَيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدِ كَمَا بَرَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ

رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَ بِا لإِيْمَانِ وَلاَتَجْعَلْ فِيْ قُلُوبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ أَمَنُوْا رَبَّنَآ إِنَّكَ رَئُوفٌ رَّحِيْمٌ

رَبَّنَآ ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَاوَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْلَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَسِرِيْنَ.

رَبَّنَآ أَتِيْنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

وَصَلَّى الله عَلَى مُحَمَّدٍ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا وَآخِيْرُ دَعْوَانَ اْلحَمْدُ الله رَبِّ اْلعَلَمٍيْنَ.

Dipun terjemahaken saking :

Majalah As Sunnah Edisi 09/VI/1423 H-2002 M

 

3 komentar untuk “<!--:ID-->PIRANTI TAQWA DUMATENG ALLOH SUBHANAHUWATA’ALA<!--:-->”

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *