Abu Salman

40 HADIST KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM (Bag-3)

Dipun Liru basa saking Kitab

  الأربعون حديثا في الـشـخـصـيـة الإسـلامـيـة

Syeikh Ali Hasan Ali Abdul Hamid Al Halaby

Hadits Kaping -4

PANGORBANAN DIRI

عم العلاء بن زياد قال: سأل رجل عبد الله بن عمرو بن العاص فقال: أي المؤمنين أفضل إسلاما؟ قال: من سلم المسلمون من لسانه ويده. قال: فأي الجهاد أفضل؟ قال: من جاهد نفسه في ذات الله. قال: فأي المهاجرين أفضل؟ قال: من جاهد لنفسه وهواه في ذات الله. قال: أنت قلته يا عبد الله بن عمرو أو رسول الله صلى الله عليه وسلم؟ قال: بل رسول الله صلى الله عليه وسلم قاله.

Saking Al ‘Alaa bin Ziyad ngendika : wonten piyai kakung nyuwun persa dateng Abdullah bin Amr bin Al ‘Ash Radhiayallohu’anhu, piyambakipun  matur : Tiang mukmin pundi ingkang langkung afdhol islamipun? Abdullah bin Amr mangsuli :”yaiku wong Islam sing selamet saka pangucape lan tangane”. Piyambakipun nyuwun persa malih : Jihad ingkang kadhos pundi ingkang langkung afdhol? Abdullah bin Amr mangsuli : “yaiku wong kang jihad merangi awake dewe kanggo golek ridhane Allah.” Piyambakipun nyuwun persa malih : Tiang hijrah kadhos pundi ingkang langkung afdhol? Abdullah bin Amr mangsuli :” yaiku wong kang jihad merangi awake dewe lan nafsune kanggo golek ridhane Allah.” Piyambakipun nyuwun persa malih: Panjenengan piyambak ingkang ngendika mekaten punopo Rasulullah Shollallohu’alihi wasalam? Abdullah bin Amr mangsuli  : Malah Rosulullah Shollallohu’alihi wasalam sing paring pangandikan[1]

 

40 HADIST KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM (Bag-3) Read More »

MITUHU DUMATENG PEMIMPIN

انّ اْلحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئاَتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلِّلَ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لآالَهَ الاَّ الله وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِيْعَهُم بِاِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

يَااَيُهَا الّذِ يْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا الله حَقَ تُقَاتِهِ وَلاَتَمُوْ تُنَّ الاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

يَااَيُّهَاالنَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسِ وَاحِدَةِ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُ اللهَ الَّذِى تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَالاَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبَا.

يَااَيُهَا الّذِ يْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدَ, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُم وَيَغْفرلَكُمْ دُنُوبَكُم وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلُهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمَا

فَإِنَّ أَصْدَقَ اْلحِدِيْثِ كِتَابُ الله وَخَيْرَ الهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٌ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فيْ النَّارِ

 

Kaum muslimin rahimakumulloh

Saestunipun nikmat ingkang sakalangkung ageng, ingkang dipun paringanken dumateng kula saha panjenengan inggih menika nikmat iman saha nikmat lumampah ing margining Sunnah Nabi Shollallahu’alaihiwasalam. Amargi sak estunipun, kekalih nikmat menika namung dipun paringanken Alloh Subhanahuwata’ala dumateng kawulanipun ingkang saestu-estu nderek Sunnahipun Rosululloh inggih menika, kanthi ngudi ilmi syar’i ingkang sumberipun saking Al qur’an saha As Sunnah kanthi pemahaman salaful ummah.

Menawi dipun setitekaken sakmenika kathah para dai, namung dai ingkang dakwah kanthi ilmu saha cara ingkang adedasar dawuhipun Alloh Subhanahuwata’ala saha Sunnah Rosululloh menika namung sekedik. Menapa malih ingkang sami adedasar fatwa-fatwanipun para ulama ing kalangan para sahabat saha ulama saksampunipun para sahabat ingkang gesangipun tansah dipun renggani (dihiasi) dining pangandikanipun Alloh Subhanahuwata’ala saha Rosululloh Subhanahuwata’ala. Panci saestu namung sekedik sanget dai ingkang kados kasebat kalawau, mugi-mugi wanci ingkang badhe dumugi, tuwuh generasi ingkang ngajak dateng para umat wangsul dumateng islam ingkang adedasar ilmi saha cara ingkang kebak hikmah.

MITUHU DUMATENG PEMIMPIN Read More »

40 HADITS KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM (Bag. 2)

Dipun Liru basa saking Kitab

  الأربعون حديثا في الـشـخـصـيـة الإسـلامـيـة

Syeikh Ali Hasan Ali Abdul Hamid Al Halaby

Hadits Kaping -2

BEDA KALIYAN SANESIPUN

عَنِ ابْنِ عُمَرَ قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: “بُعِثْتُ بِالسَّيْفِ بين يدي الساعة حَتَّى يُعْبَدَ اللَّهُ لَا شَرِيكَ لَهُ, وَجُعِلَ رِزْقِي تَحْتَ ظِلِّ رُمْحِي, وَجُعِلَ الذِّلَّةُ وَالصَّغَارُ عَلَى مَنْ خَالَفَ أَمْرِي, وَمَنْ تَشَبَّهَ بِقَوْمٍ فَهُوَ مِنْهُمْ.”

Saking Ibnu Umar Radhiyallahu’anhu ngendika : Rasulullah Shallallahu’alaihiwasalam paring pangandikan :”Aku didawuhi nganggo pedang ana ing sakngarepe dina kiamat nganti Allah disembah lan ora ana tandingane.  Rezekiku didadekake ana ing sak ngisori tumbakku. Kanesthan (kehinaaan) lan kasoran didadekake tumrap wong-wong kang pada tumindak ora pada karo sing tak printahake. Sing sapa wonge memper/mirip salah sawijining kaum, kamangka deweke kalebu ing golongane deweke. [1]

Takhrij hadits:

Dipun riwayataken dining Imam Ahmad (5114) saha sanesipun kanti sanad ingkang hasan.

Kula sampun jlentrehaken kanthi jlimet perkawis hadist menika nalika kula naliti kitab “Al Hikam Al Jadirah Bil Idzaa’ah” (hal. 1 – 3) karya Ibnu Rajab Al Hanbaly.

Katerangan

Saben tiang muslim menika kedah gadhah kepribaden ingkang benten kaliyan sanesipun. Inggih menika kepribaden ingkah gadahi Hambek (karakter) ingkah onjo (spesial), pathokan ingkang onjo, saha cara ingkah ugi onjo. Saben muslim kedah benten wonten ing tata gelaring pasrawungan (penampilan), nalika nampi pawartos, saklebeting aqidahipun, kiblatipun, saha sedaya urusan ingkah magepokan kaliyan gesangipun.

Inggih kanthi benten kaliyan sanesipun menika, lajeng saget nggulawenthah keislaman saha dakwah islam ingkang resik saha suci. Mboten wonten raos tidha-tidha (subhat) ing saklebetipun ugi mboten wonten kalepatan ingkang ngganduli.

Saben muslim wonten ing benten kaliyan sanesipun mboten angsal medal saking jalur :

40 HADITS KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM (Bag. 2) Read More »

KEWAJIBAN BEKTI DATENG TIANG SEPUH

انّ اْلحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئاَتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلِّلَ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لآالَهَ الاَّ الله وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِيْعَهُم بِاِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

يَااَيُهَا الّذِ يْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا الله حَقَ تُقَاتِهِ وَلاَتَمُوْ تُنَّ الاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.

يَااَيُّهَاالنَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسِ وَاحِدَةِ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُ اللهَ الَّذِى تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَالاَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبَا.

يَااَيُهَا الّذِ يْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدَ, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُم وَيَغْفرلَكُمْ دُنُوبَكُم وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلُهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمَا

فَإِنَّ أَصْدَقَ اْلحِدِيْثِ كِتَابُ الله وَخَيْرَ الهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٌ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فيْ النَّارِ

 

Ma’asirol muslimin rahimakumulloh

Mangga kula soho panjenengan tansah taqwa dumateng Alloh Subhanahuwata’ala . Nindakaken kewajiban ingkang sampun dipun dawuhaken dening Alloh Subhanahuwata’ala, inggih menika awujud hak-hak ipun Alloh Subhanahuwata’ala saha hak ipun para umatipun Alloh Subhanahuwata’ala, hak ipun ingkang manungsa langkung ageng tumprapipun kula saha panjenengan sedaya inggih punika hak ipun tiang sepuh kekalih saha sanak sederek. Alloh Subhanahuwata’ala ngendikaken hak ingkang kasebat kala wau mapan wonten ing tingkatan sak ngandapipun hak ipun Alloh Subhanahuwata’ala. Alloh Subhanahuwata’ala ngendika :

…..واعبدوا الله ولا تشركوا به شيئا وبالوالدين إحسانا

Sembahen Alloh Subhanahuwata’ala lan kowe aja nandingake (Alloh) kalawan apa wae. Lan tumindako becik marang wong tuamu sak keloron (ibu lan bapak)…… (Annisa /4:36)

KEWAJIBAN BEKTI DATENG TIANG SEPUH Read More »

40 HADIST KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM

Dipun Liru basa saking Kitab

  الأربعون حديثا في الـشـخـصـيـة الإسـلامـيـة

Syeikh Ali Hasan Ali Abdul Hamid Al Halaby

Hadist Kapisan

IKHLAS

عن عُمَرَ بْنَ الْخَطَّابِ رَضِيَ اللَّهُ عَنْهُ قَالَ: قال رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: “إِنَّمَا الْأَعْمَالُ بِالنِّيَّاتِ وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى, فَمَنْ كَانَتْ هِجْرَتُهُ إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ فَهِجْرَتُهُ إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ, وَمَنْ كَانَتْ هِجْرَتُهُ إِلَى دُنْيَا يُصِيبُهَا أَوْ إِلَى امْرَأَةٍ يَنْكِحُهَا فَهِجْرَتُهُ إِلَى مَا هَاجَرَ إِلَيْهِ.”

Saking Umar bin AlKhoththab Radhiyallahu’anhu ngendika : Rasulullah Shallallahu’alaihiwasalam paring pangandika : “Saktemene saben amal iku gumantung saka niate. Saktemene kanggo menungsa iku mung gumantung ing niate. Sing sapa wonge hijrah (pindahe) niate karana Allah lan Rosule, mangka hijrah (pindahe) bakal tekan marang Allah lan Rasule. Lan sapa wonge kang hijrah (pindahe) karana donyane sing digoleki utawa marang sawijine wanita sing bakal dinikahi, mangka hijrah (pindahe) uga bakal kasembadan jumbuh kara sing dadi niate”.

40 HADIST KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM Read More »