40 HADIST KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM (Bag-3)

Dipun Liru basa saking Kitab

  الأربعون حديثا في الـشـخـصـيـة الإسـلامـيـة

Syeikh Ali Hasan Ali Abdul Hamid Al Halaby

Hadits Kaping -4

PANGORBANAN DIRI

عم العلاء بن زياد قال: سأل رجل عبد الله بن عمرو بن العاص فقال: أي المؤمنين أفضل إسلاما؟ قال: من سلم المسلمون من لسانه ويده. قال: فأي الجهاد أفضل؟ قال: من جاهد نفسه في ذات الله. قال: فأي المهاجرين أفضل؟ قال: من جاهد لنفسه وهواه في ذات الله. قال: أنت قلته يا عبد الله بن عمرو أو رسول الله صلى الله عليه وسلم؟ قال: بل رسول الله صلى الله عليه وسلم قاله.

Saking Al ‘Alaa bin Ziyad ngendika : wonten piyai kakung nyuwun persa dateng Abdullah bin Amr bin Al ‘Ash Radhiayallohu’anhu, piyambakipun  matur : Tiang mukmin pundi ingkang langkung afdhol islamipun? Abdullah bin Amr mangsuli :”yaiku wong Islam sing selamet saka pangucape lan tangane”. Piyambakipun nyuwun persa malih : Jihad ingkang kadhos pundi ingkang langkung afdhol? Abdullah bin Amr mangsuli : “yaiku wong kang jihad merangi awake dewe kanggo golek ridhane Allah.” Piyambakipun nyuwun persa malih : Tiang hijrah kadhos pundi ingkang langkung afdhol? Abdullah bin Amr mangsuli :” yaiku wong kang jihad merangi awake dewe lan nafsune kanggo golek ridhane Allah.” Piyambakipun nyuwun persa malih: Panjenengan piyambak ingkang ngendika mekaten punopo Rasulullah Shollallohu’alihi wasalam? Abdullah bin Amr mangsuli  : Malah Rosulullah Shollallohu’alihi wasalam sing paring pangandikan[1]

 

Takhrij Hadits :

Dipun riwayataken saking Ibnu Nashr AL Marwazy wonten ing kitab “Ta’zhiim Qodrish Sholaah” (639), piyambakipun matur : Ahmad[2] bin Hafsh bin Abdillah sampun ngendika dumateng kula, piyambakipun ngendika : Bapakku sampun ngendika dumateng kula, Ibrahim Bin Thahman sampun ngendika dumateng kula, saking Suwaid bin Hujair, saking Al ‘Alaa bin Ziyad.

Kula aturaken : Sanad hadist menika Jayyid. Para perawinipun sedanten tsiqah kajawi gurunipun ingkang nyerat (Ahmad bin Hafsh). Imam Nasaiy ngendika : “(Ahmad bin Hafsh) mboten wonten awonipun.” Malah sak sanesipun imam Nasaiy sampun stiqohaken[3]

Katerangan :

Pangorbanan menika perkawis ingkang langkung inggil saha awis ingkang saget nambahi iman saha nyaketaken tiang dumateng Rabb pun (Allah) Subhanahuwata’ala.

Allah paring pangandikan wonten ing babakan menika :

 ((وَالَّذِينَ جَاهَدُوا فِينَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَا وَإِنَّ اللَّهَ لَمَعَ الْمُحْسِنِينَ))

 ((Lan wong-wong kang padha jihad supaya (golek ridhane) Allah, Allah bener-bener bakal nudhuhake dalan sing bener marang deweke kabeh. Lan saktemene Allah bener-bener nyawiji marang wong-wong kang tumindhak becik)) [4]

Kanthi pangorbananipun tiang muslim ing bab diri pribadi saha nafsunipun, gregetipun samsaya mindhak, imanipun inggih tambah, saha jiwanipun samsaya resik sarta suci.

Kanti mekaten, pangarbonan menika saget ngrenggani mahkotanipun tiang muslim ingkang agung ing gesangipun, inggih menika : ……..

Hadits Kaping 5

KALEMBUTAN

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: “إِنَّ اللَّهَ رَفِيقٌ يُحِبُّ الرِّفْقَ, وَيُعْطِي عَلَى الرِّفْقِ مَا لَا يُعْطِي عَلَى الْعُنْفِ.”

Saking Abu Hurairah Rodhiallahu’anhu ngendika : Rosulullah Shollallahu’alaihi wasalam paring pangandika : “Saktemene Allah ikut maha lembut lan seneng marang kalembutan. Allah maringaken kanthi kalembutan samukawis ingkang Allah mboten marengaken kanthi kekerasan. [5]

Takhrij hadits:

Dipun riwayataken dining Imam Ibnu Majah (3688) dan Ibnu Hibban (549) saking mergi Abu Bakar bin ‘Ayyasy, saking Al A’masy, saking Abu Shalih, saking Abu Hurairah Rodhiallahu’anhu.

Kula aturaken : Hadist menika sanadtipun hasan amargi wonten panyaruwe perkawis Abu Bakar bin ‘Ayyasy. Kamangka perawi sanesipun sedanten Tsiqah. 

Katerangan:

Kanthi kalembutan, manah saha jiwa samidene sesambetan, samidene tresnani, saha kesaenan badhe waradin (merata) dateng sedaya makhluk bumi. Kasakwangsulipun, kanthi kekerasan, kemungakaran badhe krembaka.

Kanthi kalembutan awakipun piyambak badhe gampil : …..

Insyaallah bade dipun lajengaken…..



[1]. Dishahihkan oleh Syeikh Al Albany dalam kitab As Silsilah Ash Shahiihah no. 1491.

[2]. Dalam kitab “Al Ashl” disebutkan: Muhammad. Tapi itu salah. Yang benar adalah yang telah saya sebutkan di atas. Pentahkik kitab “Al Ashl” Dr. Al Faryawa’iy nafa’allahu bihi tidak perhatian akan masalah ini. Silahkan lihat no. 457 dari kitab tersebut. Dalam kitab “Tahdziibut Tahdziib” (1 / 24 – 25) telah disebutkan terjemahnya.

[3]. Lihat kitab “Faidhul Qadiir” (2 / 48) karya Imam Al Munawy

[4]. Al Ankabuut : 69.

[5]. Dishahihkan oleh Syeikh Al Albany dalam kitab Shahiih Al Jaami’ Ash Shaghiir no. 1771. dan kitab Shahiih Ibnu Majah no. 2974.

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *