انّ اْلحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئاَتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلِّلَ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لآالَهَ الاَّ الله وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ.
اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِيْعَهُم بِاِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
يَااَيُهَا الّذِ يْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا الله حَقَ تُقَاتِهِ وَلاَتَمُوْ تُنَّ الاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُونَ.
يَااَيُّهَاالنَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسِ وَاحِدَةِ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتَّقُ اللهَ الَّذِى تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَالاَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبَا.
يَااَيُهَا الّذِ يْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدَ, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُم وَيَغْفرلَكُمْ دُنُوبَكُم وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلُهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمَا
فَإِنَّ أَصْدَقَ اْلحِدِيْثِ كِتَابُ الله وَخَيْرَ الهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى الله عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٌ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فيْ النَّارِ
Kaum muslimin rahimakumulloh
Saestunipun nikmat ingkang sakalangkung ageng, ingkang dipun paringanken dumateng kula saha panjenengan inggih menika nikmat iman saha nikmat lumampah ing margining Sunnah Nabi Shollallahu’alaihiwasalam. Amargi sak estunipun, kekalih nikmat menika namung dipun paringanken Alloh Subhanahuwata’ala dumateng kawulanipun ingkang saestu-estu nderek Sunnahipun Rosululloh inggih menika, kanthi ngudi ilmi syar’i ingkang sumberipun saking Al qur’an saha As Sunnah kanthi pemahaman salaful ummah.
Menawi dipun setitekaken sakmenika kathah para dai, namung dai ingkang dakwah kanthi ilmu saha cara ingkang adedasar dawuhipun Alloh Subhanahuwata’ala saha Sunnah Rosululloh menika namung sekedik. Menapa malih ingkang sami adedasar fatwa-fatwanipun para ulama ing kalangan para sahabat saha ulama saksampunipun para sahabat ingkang gesangipun tansah dipun renggani (dihiasi) dining pangandikanipun Alloh Subhanahuwata’ala saha Rosululloh Subhanahuwata’ala. Panci saestu namung sekedik sanget dai ingkang kados kasebat kalawau, mugi-mugi wanci ingkang badhe dumugi, tuwuh generasi ingkang ngajak dateng para umat wangsul dumateng islam ingkang adedasar ilmi saha cara ingkang kebak hikmah.
Ma’asirol mukminin rohimakumulloh
Salah satunggaling kasunyatan ingkang saestu ngeres-resi, dinten-dinten menika kathah tuwuhipun dai ingkang kados-kados piyambakipun sugih ilmi, ananing materi dakwahipun dipun kebaki dining pangina dumateng pemimpinipun. Kanthi gampil piyambakipun mbiyawarakaken kalepatanipun para pemimpin, saha kanthi raos bingah piyambakipun nyebaraken aib-aib ipun para pemimpin supados kaum muslimin mangertos tumindak awonipun ingkang dipun tindakaken dining para pimpinan.
Mangga dipun gatosaken pangandikanipun Rosululloh Shollallahu’alaihiwasalam ingkang sesambetan kaliyan hak ipun para pemimpin ingkang wajib dipun tindakaken.
مَنْ كَانَتْ عِنْدَهُ نَصِيْحَةٌ لِذِي سُلطَانِ فَلاَ يُكَلِّمْهُ بِهَا عَلاَ نِيَّةً وَلْيَأْخُذْ بِيَدِهِ وَلْيَخْلُ بِهِ فَإِنْ قَبِلَهَ فَبِهَا وَ إِلاَّ كَانَ قَدْ أَدَّى الَّذِي عَلَيْهِ
Sing sapa wonge kepingin nuturi para pemimpin mangka aja pada ngatonnake rembukan marang deweke kanthi terang-terangan (melok), nanging kudune deweke gandeng tangane nuli banjur nisih karo deweke lan menawa deweke bisa nampa (iku mujudake kabacikan), lan menawa deweke ora bisa nampa saktemene deweke wis nindakake kewajibane lan wis nindakeke hak pemimpine. (HR. Hakim 3/290, Ahmad 3/404)
Hadist ingkang mulya menika sampun dipun cak aken dining generasi rumiyin saking para ummat saha sampun dipun cak aken dining para ulama ingkang lumampah anut kitab Al Qur’an saha Sunnah. Lajeng wonten pundi kula saha panjenengan kedah mapan ing saklebeting barisan menika?. Ingkang baken kula saha panjenengan sampun ngantos mendhet ilmi agami menika saking tiang-tiang ingkang mboten faham dateng agaminipun piyambak.
Ma’asirol mukminin rohimakumulloh
Karana saking tumindakipun sakpirangan dai ingkang tumindakipun kirang tanggel jawab kala wau pramila inggih lajeng tuwuh prakawis-prakawis ingkang kirang prayogi (negatif) ingkang mboten kajengaken dining agami ingkang mulya menika. Ing antawisipun wonten sak perangan kaum muslimin ingkang mbalela utawi mbangkang dateng para pemimpin, ngantos kaum muslimin pecah dados pinten-pinten perangan.
Mangga dipun suraos pangandikanipun Rosululloh Shollallahu’alaihiwasalam ingkang sampun kawios 14 abad kapengker :
عَلَى اْلمَرْءِ اْلأمُسْلِمِ السَّمعَ وَالطَّاعَةُ فِيْمَا أَحَبَّ وَفِيْمَا كَرِهَ مَالَم يُؤْمَر بِمَعْصِيَةٍ فَإِنْ أَمَرَ بِمَعْصِيَةٍ فَلاَ سَمْعَ وَلاَ طَاعَةَ
Wajib tumpraping muslim krungokake lan taat marang bab-bab sing disenengi utawa sing disirik. Selagine ora diprintah ing perkara kemaksiatan, lan menawa diprintah ing perkara kemaksiatan mangka ora kena ngrungokake lan taat. (HR. Bukhori 2955, Muslim 1839)
Rosululloh Shollallahu’alaihiwasalam ugi paring pangandika :
مَنْ كَرِهَ مِنْ أَمِيْرِهِ شَيْأً فَليَصْبِرْ فَإِنَّهُ مَنْ خَرَجَ مِنَ السُّلطَانِ شِبْرًَا مَاتَ مِيْتَةَ جَاهِلِيَّةٍ
Sopo wonge sing duwe rasa serik marang samubarang sing ditindakake dining pemimpine, mangka deweke kudu sabar, amarga sak nyatane sapa wonge sing ora taat sanajan setitik wae marang pemimpine, mangka saktemene matine kaya matine wong-wong jahiliyah (HR. Bukhori 7054, Muslim 1849)
Lan tasih kathah sanget hadist ingkang dawuhaken dumateng kula saha penjenengan kangge mituhu dateng para pemimpin, senajan piyambakipun pemimpin ingkang dholim ingkang tansah damel risak ing bumi menika.
Ma’asirol mukminin rohimakumulloh
Wonten salah satunggaling tuladha saking riwayat ingkang sanget trenyuhkan ingkang saking imam Ahlussunnah, Imam Ahmad bin Hambal. Piyambakipun estu-estu nindhakaken pitedah-pitedahipun Nabi Shollallahu’alaihiwasalam ingkang wonten ing hadist-hadist. Nanging piyambakipun dipun cambuk (pecut), dipun belengggu mawi rantai lajeng dipun lebetaken ing pakunjaran mataun-taun laminipun amargi tansah ngugemi akidah bilih Al Qur’an dawuhipun Alloh dede Makhluk. Akidah ahlusunnah wal jama’ah, akidah ingkang murni ingkang kapendet saking Rosululloh Shollallahu’alaihiwasalam. Rosululloh Shollallahu’alaihiwasalam Ngendika bilih Al Qur’an menika Kalamulloh dede makhluk. Senadyan mekaten, Imam Ahmad bin Hambal tetap sabar saha tansah taat dateng pemimpinipun, malah kepara piyambakipun tansah paring pitutur dateng kaum muslimin supados tansah taat dateng pemimpinipun saha sabar amargi pacoben ingkang dipun sandang dining piyambakipun kanthi pangandika :
لاَ تَشُقُّوْا عَصَى الطَّاعَةِ إِصْبِرُوْا
Kowe kabeh aja pada crah (pecah belah) mung amarga perkara ketaatan, nanging kowe kabeh pada sabara.
Inggih menika salah satunggalipun tuladha tata kramanipun ulama dateng pemimpinipun, mugi-mugi Alloh Subhanahuwata’ala tansah maringi romhat ingkang saestu wiar dumateng Imam Ahmad bin Hambal, amargi panjeneganipun saestu sampun paring tuladha ingkang sae dateng umatipun.
Inggih amargi saking menika kula saha panjenengan kedah nuladha para ulama amargi kaweruhipun ingkang wiar saha lebet. Piyambakipun langkung priksa kaweruhing agami saha langkung wantun anggenipun nindakaken amar ma’ruf nahi mungkar. Inggih amargi lebet lan wiaring kaweruhipun saha pamawasipun, pramila piyambakipun kepara milih sabar saking sedaya pacoben ingkang dipun tanpi katimbang memungsuhan kaliyan dawuhipun Rosululloh Shollallahu’alaihiwasalam.
Para kadang ingkang kinasih ing Gusti, mangga sami dipun resepi saha dipun tuladhadani sikap imam Ahmad ingkang kebak ing hikmah kala wau. Saklajengipun mangga kula saha panjenengan sami naliti dateng awakipun piyambak supados awakipun piyambak utawi kaum muslimin wal muslimat tetap dados setunggal barisan, mboten dados crah satemah bibrah, ananging perlu waspada supados mboten kapusan dining pinteripun para dai, khotib, anggenipun sami carios dakik-dakik (berlebihan), nanging wonten ingkang asring nalisir saking pangugeraning agami (Qur’an saha Hadist). Amargi kula saha panjenengan sedaya menika gesang wonten ing jaman ingkang cacahipun ulama namung sekedik, nanging cacahipun dai saha khotib sakalakung kathah. Bab menika sampun dipun ngendikaken dining Abdulloh bin Mas’ud :
إِنَّكُم فِي زَمَانٍ كَثِيْرٌ عُلَمَاؤُهُ قَلِيْلٌ خُطُبَائُهُ وَإِنَّ بَعْدَكُمْ زَمَانًاكَثِيْرٌ خُطُبَائُهُ وَاْلعُلَمَاءُ فِيْهِ قَلِيْلٌ
Saktemene sira kabeh pada ana ing jaman sing cacahe ulama akeh nanging juru khutbahe mung sethithik, lan saktemene sak wise sira kabeh bakal nemoni jaman sing akeh juru khutbahe nanging ulamae mung sethithik.
أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله لِيْ وَلَكُمْ إِنَّهُ هُوَ اْلغَفُوْرُالرَّحِيْمُ
KHUTBAH KEDUA
انّ اْلحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئاَتِ اَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلِّلَ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لآالَهَ الاَّ الله وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ.
Ma’asyiral mukminin Rohimahulloh.
Manawi awakipun piyambak tansah mituhu saha sabar dumateng para pemimpin lajeng kados pundi cara ingkang leres kangge atur panyaruwe (ktirik) dateng para pemimpin ingkang geblasuk dateng margi ingkang lepat ?. Sakestunipun Islam mujudaken agami ingkang sampurna ingkang mboten bade dipun panggihaken kekirangan ing saklebetipun, sanadyan ta namung sekedik, saha mboten badhe kapanggihaken satunggaling parkawis amargi Islam sampun ngrembak sedaya perkawis. Islam sampun paring piwucal dateng kula saha panjenengan adab saha tata cara/sopan santun ngingingi perkawis ingkang alit saha rumit malah kepara asring dipun sepelekaken. Lajeng kados pundi kaliyan perkawis ingkang sakalakung ageng menika, kangge kesaenanipun para umat. Kados dene perkawis kepemimpinan, kamangka Islam sampun ngrembak kanthi lebet saha mboten wonten kekiranganipun.
Islam sampun paring piwucal dateng kula saha panjenengan cara ingkang leres kangge atur pitutur utawi atur panyaruwe dateng para pimpinan ingkang sampun keblasuk dateng kalepatan, inggih menika kanthi cara dongakaken piyambakipun supados kesaenan saha istiqamahipun dateng agami, saha ngimutaken dateng piyambakipun kanthi cara sinandi (rahasia) supados mboten dipun mangertosi dene tiang sanes, wonten kala wancinipun dipun ajak sabawa raos (empat mata) utawi dipun kantuni serat (sms) lan sanesipun uger mujudaken panyaruwe sinandi.
Rosululloh Shollallahu’alaihiwasalam ngendika :
مَنْ كَانَتْ عِنْدَهُ نَصِيْحَةٌ لِذِي سُلطَانِ فَلاَ يُكَلِّمْهُ بِهَا عَلاَ نِيَّةً وَلْيَأْخُذْ بِيَدِهِ وَلْيَخْلُ بِهِ فَإِنْ قَبِلَهَ فَبِهَا وَ إِلاَّ كَانَ قَدْ أَدَّى الَّذِي عَلَيْهِ
Sing sapa wonge kepingin nuturi para pemimpin mangka aja pada ngatonnake rembukan marang deweke kanthi terang-terangan (melok), nanging kudune deweke gandeng tangane nuli banjur nisih karo deweke lan menawa deweke bisa nampa (iku mujudake kabacikan), lan menawa deweke ora bisa nampa saktemene deweke wis nindakake kewajibane lan wis nindakeke hak pemimpine. (HR. Hakim 3/290, Ahmad 3/404)
Inggih cara menika ingkang sampun dipun tindakaken dining para ulama. Tuhu endah saha prayogi pangandikanipun Imam Ahmad bin Hambal menika :
لَوْكَانَ لَنَا دَعْوَةٌ مُسْتَجَا بَةٌ لَدَعَوْنَا بِهَا لِلسُّلطَانِ
Upama awake dewe duwe donga sing dikabulake, mesti awakedewe bakal donga kanggo kabecikane para pemimpin.
Kados mekaten para leleluhur ingkang sholih sampun paring tuladha ingkang sae kangge kula saha panjengan, pramila kula saha panjenengan wajib nuladhani piyambakipun saha nindakaken budi pakarti ingkag sampun dipun tindakaken amargi piyambakipun menika tiang-tiang ingkang dipun paringi pitedah dining Alloh Subhanahuwata’ala.
Mugi Alloh Subhanahuwata’ala paring rahmat dateng Imam Malik bin Anas ingkang sampun ngendika :
لَنْ يُصْلِحَ آخِرَ هَذِهِ اْلاُمَّةِ إِلاَّ كَمَاأَصْلَحَ أَوَّلَهَا
Ora bakal apik pungkasane umat iki kajaba padha tumindak padha kabecikan sing wis ditindakake dining umat-umat mula bukane.
Pramila saestu leres pangandikanipun panjenenganipun Imam Malik menika. Wekasan kula saha panjenengan nyenyuwun dumateng Alloh Subhanahuwata’ala supados ndandosi para pemimpin saha kawulanipun, satemah sami sih sinisihan.
اللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ وُلاَةَ إُمُوْرِنَا وَأَعْطِهِمْ الإِسْتِقَامَةَ فِيْ دِيْنِهِم إِلَى كُلَّ خَيْرٍ وَجْعَلْنَا مُطِيْعِِنَا لِوُلاَةِ أُمُوْرِنَا إِنَّكَ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ.
رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَ بِا لإِيْمَانِ وَلاَتَجْعَلْ فِيْ قُلُوبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ أَمَنُوْا رَبَّنَآ إِنَّكَ رَئُوفٌ رَّحِيْمٌ
رَبَّنَآ ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَاوَإِنْ لَّمْ تَغْفِرْلَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الْخَسِرِيْنَ.
رَبَّنَآ أَتِيْنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الأَخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى الله عَلَى مُحَمَّدٍ تَسْلِيْماً كَثِيْرًا وَآخِيْرُ دَعْوَانَ اْلحَمْدُ الله رَبِّ اْلعَلَمٍيْنَ. وَلاَ ذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
(dipu liru basa saking Majalah Al Furqon Edisi 121/Tahun 6/1428/2007)