40 HADITS KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM (Bag. 2)

By -

Dipun Liru basa saking Kitab

  الأربعون حديثا في الـشـخـصـيـة الإسـلامـيـة

Syeikh Ali Hasan Ali Abdul Hamid Al Halaby

Hadits Kaping -2

BEDA KALIYAN SANESIPUN

عَنِ ابْنِ عُمَرَ قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: “بُعِثْتُ بِالسَّيْفِ بين يدي الساعة حَتَّى يُعْبَدَ اللَّهُ لَا شَرِيكَ لَهُ, وَجُعِلَ رِزْقِي تَحْتَ ظِلِّ رُمْحِي, وَجُعِلَ الذِّلَّةُ وَالصَّغَارُ عَلَى مَنْ خَالَفَ أَمْرِي, وَمَنْ تَشَبَّهَ بِقَوْمٍ فَهُوَ مِنْهُمْ.”

Saking Ibnu Umar Radhiyallahu’anhu ngendika : Rasulullah Shallallahu’alaihiwasalam paring pangandikan :”Aku didawuhi nganggo pedang ana ing sakngarepe dina kiamat nganti Allah disembah lan ora ana tandingane.  Rezekiku didadekake ana ing sak ngisori tumbakku. Kanesthan (kehinaaan) lan kasoran didadekake tumrap wong-wong kang pada tumindak ora pada karo sing tak printahake. Sing sapa wonge memper/mirip salah sawijining kaum, kamangka deweke kalebu ing golongane deweke. [1]

Takhrij hadits:

Dipun riwayataken dining Imam Ahmad (5114) saha sanesipun kanti sanad ingkang hasan.

Kula sampun jlentrehaken kanthi jlimet perkawis hadist menika nalika kula naliti kitab “Al Hikam Al Jadirah Bil Idzaa’ah” (hal. 1 – 3) karya Ibnu Rajab Al Hanbaly.

Katerangan

Saben tiang muslim menika kedah gadhah kepribaden ingkang benten kaliyan sanesipun. Inggih menika kepribaden ingkah gadahi Hambek (karakter) ingkah onjo (spesial), pathokan ingkang onjo, saha cara ingkah ugi onjo. Saben muslim kedah benten wonten ing tata gelaring pasrawungan (penampilan), nalika nampi pawartos, saklebeting aqidahipun, kiblatipun, saha sedaya urusan ingkah magepokan kaliyan gesangipun.

Inggih kanthi benten kaliyan sanesipun menika, lajeng saget nggulawenthah keislaman saha dakwah islam ingkang resik saha suci. Mboten wonten raos tidha-tidha (subhat) ing saklebetipun ugi mboten wonten kalepatan ingkang ngganduli.

Saben muslim wonten ing benten kaliyan sanesipun mboten angsal medal saking jalur :

Hadits Kaping -3

KEADILAN

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: “أَحْبِبْ حَبِيبَكَ هَوْنًا مَا عَسَى أَنْ يَكُونَ بَغِيضَكَ يَوْمًا مَا, وَأَبْغِضْ بَغِيضَكَ هَوْنًا مَا عَسَى أَنْ يَكُونَ حَبِيبَكَ يَوْمًا مَا.”

Saking Abu Hurairah Radhiyallahu’anhu ngendika : Rosulullah Shallallahu’alaihiwasalam paring pangandikan : “tresnanono wong kang kok tresnani iku kanthi lumrahe wae amarga bisa wae ing salah sawijining dina engko deweke bakal bisa dadi wong sing paling kok sengiti. Sengitono wong kang kok sengiti kanti sak lumrahe wae amarga bisa uga sawijining dina deweke bakal dadi wong sing paling kok tresnani” [2]

Takhrij hadits:

Dipun riwayataken dining Imam Turmudzi (1997), Ibnu ‘Ady (2/593), Tammam wonten ing kitab “Al Fawaaid” (1536), saha Ibnu Hibban wonten ing kitab “Al Majruhiin” (1/351) saking Jalur Suwaid bin Amr Al Kalby, sampun ngendika dumateng kula Hammad Bin Maslamah, saking Ayyub As Sakhtiyani, saking Muhammad bin Sirin, saking Abu Hurairah.

Kula aturaken : Sanad Hadits menika Insya Allah Shahih. Amargi wonten ing sanadipun mboten woten ingkang kedah dipun teliti kajawi Suwaid. Imam Ibnu Hibban sakalangkung kendel ing panyaruwe (mengomentari) kados ingkah dipun ngendikakaken Imam Adz Dzahaby wonten ing kitab “Al Miizaan” (2/253). Kamangka sakperangan para panaliti hadits sampun ngiataken satemah dadosaken Al Hafidz Ibnu Hajar langkung milih ngiataken ugi. Piyambakipun ngendika wonten ing kitab “At Tariib” (2694): “(Suwaid) menika kiat. Ibnu Hibban sakalangkung kendel ing panyaruwe (mengomentari) tanpa bukti”. Pemanggih menika ingkang Insya Allah leres.

Hadits menika sampun dipun shahihaken dining sakperangan ahli hadits, seperti Al Hafidz Al ‘Iraqy wonten ing kitab “Takhriijul Ihyaa” (2/186), Imam Al Munawy wonten ing kitab “Al Faidh” (1/177), Imam Az Zubady wonten ing kitab “Al Ithaaf” (6/233), saha sanesipun.

Katerangan

Saben muslim kedah tumindak adil nalika tresnani saha nggethingi. Piyambakipun kedah tumindak adil nalika mendet saha maringi. Piyambakipun adil ing sedaya perkawis.

Raos adil menika tuwuh saking ajaran-ajaran agami saha syiar-syiar para da’inipun.

Piyambakipun mboten kalebet tiang-tiang ingkang ghuluw (gemblung ing babagan agami) lan ugi mboten kalebet tiang-tiang ingkang ngremehaken.

Saben muslim rikala jejegaken adil mboten namung ngendelaken akalipun, hawa nefsunipun, logikanipun, lan sanes-sanesipun. Namung piyambakipun tansah ngginakaken dasar kitabipun Allah Ta’ala “

((وَكَذَلِكَ جَعَلْنَاكُمْ أُمَّةً وَسَطًا لِتَكُونُوا شُهَدَاءَ عَلَى النَّاسِ وَيَكُونَ الرَّسُولُ عَلَيْكُمْ شَهِيدًا))

 ((Lan mangkono (ugo) ingsung (Allah) wis dadekake siro (umat Islam), umat sing adil lan pethingan = (pilihan) [3] supaya kowe dadi seksi (kabeh tumindak) manungso lan supaya Rosul (Muhammad) dadi seksi sakkabehing (tumindak) mu)) [4]

Namung perlu dipun mangertosi, bilih adil menika mboten perkawis ingkang gampil. Katah tiang inkang ngajak dumateng keadilan, namung jebuli piyambakipun ugi mboten saget tumindak adil. Dados, tiang ingkang ngersakaken tumindak adil kados ingkang dipun dawuhaken dining Allah Ta’ala menika saestu mboten gampil (kados ingkang sampun kula aturake), nanging mbetahaken ………

Insyaalloh dipun lajengaken



[1]. Dipun shahihaken dining  Syeikh Al Albany wonten  ing kitab Shahiih Al Jaami’ Ash Shaghiir no. 2831. saha kitab Irawaa’ul Ghaliil: 5 / 109.

[2]. Dipun shahihaken dining Syeikh Al Albany wonten ing kitab Shahiih Al Jaami’ Ash Shaghiir no. 178. saha kitab Shahiih Turmudzy no. 1997.

[3]. Umat Islam dipun dadosaken umat ingkang adil saha pilihan, amargi piyambakipun bade dados seksi sedaya tumindakipun tiang ingkan nalisir (menyimpang) saking keleresan donya saha akhirat

[4]. Al Baqoroh : 143.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *