40 HADIST KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM (Bag-4)

Dipun Liru basa saking Kitab

  الأربعون حديثا في الـشـخـصـيـة الإسـلامـيـة

Syeikh Ali Hasan Ali Abdul Hamid Al Halaby

 

Hadits Kaping -6

WANGSUL DATENG MARGI INGKANG LERES

عَنِ ابْنِ عَبَّاسٍ قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: “مَا مِنْ عَبْدٍ مُؤْمِنٍ إِلا وَلَهُ ذَنْبٌ يَعْتادُهُ: الْفَيْنَةَ بَعْدَ الْفَيْنَةِ، أَوْ ذَنْبٌ هُوَ مُقِيمٌ عَلَيْهِ لا يُفَارِقُهُ حَتَّى يُفَارِقَ الدُّنْيَا، إِنَّ الْمُؤْمِنَ خُلِقَ مُفْتَنًا تَوَّابًا نَسِيًّا إِذَا ذُكِّرَ ذَكَرَ.”

Saking Ibnu Abbas Rodhiallahu’anhu ngendika : Rosulullah Shallallahu’alaihi wasalam paring pangandikan : “ora ana wong mukmin sing ora duwe dosa sing dilakoni saben wektu utawa deweke duwe dosa kang tansah ditindhakake lan ora bisa ditinggalake nganti deweke ninggalke donya. Saktemene saben wong mukmin diciptakake ana ing kahanan sing kena fitnah, tansah tobat, lan tansah lali. Menawa dielengake deweke bakal kelingan maneh.” [1]

Takhrij hadits:

Dipun riwayataken dining Imam Ath Thabrany wonten ing kitab “Al Mu’jam Al Kabiir” (11810), piyamabkipun matur : AL Hasan[2] bin Al ‘Abbas Ar Razy sampun ngendika dumateng kula : Ahmad bin ABi Syuraih Ar Razy sampun ngendika dumateng kula : Ali bin Hafsh al Madany sampun ngendika dumateng kula : Ubaid al Muktib Al Kufy sampun ngendika dumateng kula, saking Ikrimah, saking Ibnu Abbas.

Hadist menika sanadipun hasan. Para perawinipun sedaya tsiqah kajawi Al Madany. Piyambakipun tiang ingkang jujur.

Hadist menika gadah jalur sanesipun wonten ing kitab “Al Kabiir” (10666), “Al Awsath” (460 – Majma’ Al Bahrain), saha “Al Hilyah” (3/311) saking jalur Utbah bin Yaqzhan, saking Daud bin Ali bin Abbas, saking bapakipun (Ali bin Abdillah), saking bapakipun (Abdillah bin Abbas), Ath Thabrany nyebataken kalimatipun kanthi singkat.

Abu Nu’aim ngendika : Hadist (saking jalur kaping 2) menika ghorib kalebet saking hadist Daud bin Ali, saking bapakipun, saking mbahipun. Kula mboten mangertos punapa hadist menika ugi sampun dipun riwayataken dining sanesipun Ibnu Numair, saking Utbah, saking Abdillah bin Abbas??

Kula aturaken : hadist menika sanadipun dhaif amargi dhoif ipun Utbah. Nanging perawi sakderengipun Utbah nedhahaken bilih piyambakipun sampun ngapalaken. Dados hadist menika hasan kadosdene ingkang sampun kula aturaken. Sanajan dereng ngantos langkung Katerangan :

Kadosdene ingkang asring dipun ngendikakaken bilih wangsul dateng kaleresan menika mujudaken kautaman. Ewadene kedangon anggenipun kerem (tenggelam) wonten ing tumindhak awon mujudaken satunggaling kanisthan.

Wangsul dumateng tumindak ingkang leres saget njunjung drajating manungsa wonten ing ngarsanipun Allah saha ugi wonten ing bebrayan.

Kamangka setan menika tansah budidaya supados manungsa mboten wangsul tumindak ingkang leres amargi bujukipun setan menika menawi tiang wangsul dateng tumindak sae menika sampun kalajeng cacat saha aib. Lha menika mujudaken panggodanipun setan saha talbis iblis.

Wangsulipun tiang dateng kesaenan saha nilar kesombonganipun kangge nampi perkawis ingkang leres saget dadosaken panggenan ingkang langkung inggil kangge ngaosi (menghargai) ….

insyaalloh dipun lajengaken

 



[1]. Dipun shahihaken dining Syeikh Al Albany wonten kitab Shahiih Al Jaami’ Ash Shaghiir no. 5735. lan kitab As Silsilah Ash Shahiihah no. 2276.

[2]. Kula sampun neliti wonten ing kitab menika dugi “Al Husain”. Ingkang leres inggih menika ingkang sampun kula serat wonten ing menika. Saget dipun persani wonten ing tejemahanipun wonten ing kitab “Taariikh Baghdaad” (7 / 397).

2 komentar untuk “<!--:ID-->40 HADIST KANGGE DADOSAKEN PRIBADI MUSLIM (Bag-4)<!--:-->”

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

YUK TAAWUN DALAM PEMBANGUNAN GEDUNG ASRAMA PUTRI

untuk informasi selengkapnya bisa cek di sini


donasi

This will close in 24 seconds